Pengertian, Golongan, Watak, dan Pathokan Tembang Macapat

 Pengertian Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku sekang tembung sekar tegese kembang utawa tembang. Tembung Jawa tegese reriptan kanthi paugeran tertentu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa diiringi wiramaning gendhing. 


Golongan Tembang Jawa

  1. Tembang gedhe utawa sekar ageng, tuladhane : Kusumastuti, Citramengeng, Tepi Kawuri, Kumadasmara, Pamularsih
  2. Tembang tengahan utawa sekar tengahan/sekar dhagelan, tuladhane : Wirangrong, Pranasmara, Balabak, Palugon, Juru Demung, Pangajabsih
  3. Tembang Macapat yaiku kedadeyan sekang tembung maca sing tegese maca/nglakokaken lan tembung pat tegese papat, macapat tegese maca/nglakokaken papat-papat

Watak Tembang Macapat

  1. Kinanthi awatak : seneng, asih, tresna. Matuke kanggo medharake pawulang, cerita sing ngemu surasa asih tresna kan asmara, gandrung-gandrung
  2. Pocung awatak : Kendo, tanpa greget saut. Matuke kanggo neng cerita sing sajak mung sakepenake tanpa kemempengan
  3. Asmarandana awatak : sengsem, sedih, prihatin. Nanging sedih/prihatin sing merga ketaman neng lara asmara. Matuke kanggo neng cerita sing isi surasa nawung asmara
  4. Mijil awatak : wedaring rasa. Matuke kanggo neng cerita sing isi pitutur, nanging uga kena tumrap sing cerita gandrungan
  5. Maskumambang awatak : nelangsa keranta-ranta. Matuk kanggo medaraken rasa-pangrasa sing nggereges, nelangsa keranta-ranta
  6. Pangkur awatak : sereng. Matuk neng crita sing ngemu surasa sereng, sajak, gregetan. Lumrah uga kanggo neng crita perang
  7. Sinom awatak : grapyak, rentak, cocok karo jenenge pocung, sekang garbane Tembung "si tenom". Matuk kanggo sesorah, crita sing isi pitutur 
  8. Dhandanggula awatak : luwes, resep. Tumrap neng crita sing ngemu surasa kepriwe bae bisa mlebu/pas, pancen luwesan. Kanggo neng bebuka prayoga, kanggo medharake piwulang ya kena, kanggo cerita sing isi gandrung-gandrungan uga kena, kanggo penutuping karangan ya lumrah
  9. Durma awatak : galak, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati nepsu, ati kidereng sereng/kanggo neng crita perang
  10. Gambuh awatak : rumaket, kulina, wanuh wani. Mathuk kanggo medaraken pitutur sing reda seneng merga wis keduga lan lumrahe kanggo basa ngoko, ya basane wong sing wis kulina raket sesrawungan
  11. Mengatruh awatak : sedih, putus asa, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun nelangsa keranta-ranta

Pathokan Tembang Macapat




  

Kasusastran sing tinemu neng Tembang Macapat

  1. Pada : Yakuwe cacahing tembang macapat saben salagu
  2. Guru gatra : Jenenge larikan neng tembung macapat, neng tembung gedhe diarani pada dirga, Yakuwe cacahing gatra/larik saben selagi
  3. Guru wilangan : Yakuwe cacahing wanda (suku kata) saben segatra
  4. Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasaning Gatra
  5. Dhong-dhing : a) padha karo guru lagu b) guru lagu sing tiba swara "u"/ "i" (aksara swara)




Sekian blog dari aku semoga bermanfaat😃
See you again in the next blog👋

  

     

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Proses Komunikasi Data dalam Jaringan

Cara Menjaga Pola Makan Sehat